Rabu, 28 Desember 2011

KHOTBAH JUM'AT ( Taqwa )

Hadirin rokhimakumulloh , ingkang tansah pikantuk kamulyan saking Alloh SWT. Monggo kito tansah muji sukur dumateng panjenenganipun ingkang sampun paring kamulyan kolowau.
            Lan monggo kito tansah ningkataken taqwa dumateng Alloh SWT, sarono kanti ngelampahi sedoyo dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun.
            Hadirin sidang jum’at ingkang tansah kaulo hormati, setiap khotbah jum’at puniko temtu wonten dawuh “Ittaquulloh” lan sakterusipun.
            Keranten dawuh Ittaqulloh puniko memang dados rukunipun khotbah , inggih puniko wasiat taqwo. Sakpuniko monggo dawuh puniko ampun namung dipun dadosaken rukun kemawon, ananging monggo dawuh Ittaquulloh puniko kito muttola’ah, kito padosi tafsiripun punopo artosipun lan punopo kersanipun.
            Hadirin rokhimakumulloh ingkang berbahagia, menggah sabagian ulama’ nafsiri bilih ingkang dipun kersaaken dawuh Ittaquulloh puniko  berati kito kewajiban ngelampahi sedoyyo dawuhipun  kados dene sholat ,zakat , poso ,lan lintu-lintunipun,lan kito wajib nebihi sedoyo awisan-awisanipun kados dene nyolong madon, ngapusi,lan koropsi,lan ugi kedah nebihi ma’siat ingkang bongso batin kados denesifat hasud , riya’ ngujub lan takabur.
            Sak lajeng ipun  mbok bilih wonten tiyang ingkangmboten ngelampahi dawuh utawi perintah bahkan malah ngelampahi perkawis ingkang dipun cegah berarti tiyang kolowau dereng taqwo ingkang kados dipun kersaaken wonten dawuh “Ittaquulloh  ta’ala haqqo tuqootihi”.
            Saklajengipun menggah ulama’ ahli arifin utawi  sebagian  ulama’ nafsiri bilih ingkang dipun kersaaken dawuh “Ittaquulloha haqqotuqotihi” inggih puniko taqwo ingkang sakestu-estunipun kanti zdikir utawi emut dumateng Alloh SWT kanti mboten pegot-pegot.Utawi anggenipun zdikir kolowahu kanti dipun sarengaken wonten ing setiap medal lan melbetipun nafas .Lan ahli arifin ngendiko malih bilih zdikir puniko ongkang paling utomo utawi paling sae inggih puniko zdikir ingkang kelawan tanpo wayah,utawi wekdal lan tanpo wilangan.Lan mbok bilih dipun wilangi ingggih puniko kedah kelawan kaping  24 400,keranten nafas kito puniko medal lan melbet ipun setiap dalu lan siang puniko laping 24 400.
            Lan panjenenganipun gusti Rosulaloh SAW ugi ngendiko engkang artosipun : “ Luwih utomo-Utumone zdikir inggih puniko zdikir kang dibarengake kelawan melbu lan metune nafas “.
            Poro hadirin rokhimakumulloh , estunipun tiyang engkang tansah zdikir utawi emut dateng alloh puniko piyambakipun mboten mungkin bade ngelampahi maksiat zdohir kados ingkang sampun kasebat ngajeng , lan ugi mboten bade ngelampahi maksiat kang bongso batin .
            Lan ugi estunipun tiyang selalu zdikir dumateng Alloh puniko jaminanipun bade dipun emuti ugi deneng Alloh,kanti rohmatipun lan pangapuronipun lan bade dipun lebetaken suargo dening Alloh kanti sareng-sareng poro nabi lan poro walinipun . Milo saking puniko alloh dawuh wonten ing  Al Qur’anul Karim :
                    

           
            “ He, eleng-eleng wong akeh kang wus podo iman  podo elingo siro kabeh ing gusti alloh kelawan eling kang temenannan tur kang akeh “.
Saklajengipun monggo kito sareng-sareng berusaha lan dongo-dinongo mugi-mugi kito tansah dipun dadosaken golongan ipun tiyang-tiyang ingkang sami pikantuk rohmat lan nikmat ipun Alloh SWT,Allohumma Amin Yaa Robbal Aalamiin.













BAB ISLAM
















            Hadirin sidang jum’at ingkang kaulo hormati,monggo kito tansah muji syukur dumateng Alloh SWT ingkangsampun ndadosaken agami islamsebagai pedoman gesang kito. Milo saking puniko monggo muji syukur kelawan kito dohiraken kanti ngelampahi sedoyo dawuh lan nebihi sedoyo awisan.
            Hadirin rokhimakumulloh ingkang berbahagia ,punopo kita kapurih syukur dumateng Alloh kanti wontenipun agami islam ?
Inggih karanten estunipun agami ingkang leres lan ingkang dipun akui dining Alloh puniko namung agami islam, dawuhipun Alloh wonten ing Al Qur’anul Karim “ Innaddina indalloih islam “.
            Ananging kito kedah mangertosi bilih seastune agami islam utawi tiyang islam puniko wonten kalih golongan :
1.                  Golongan islam ingkang naqis(islam ingkang ma’no slamet)
2.                  Golongan islam ingkang kamil (islam ingkang ma’no pasrah)
Anapun Islam ingkang ma’no slamet inggih puniko golongan ipun para u’bad  (abidin), para muhibin lan para muttaqin.
Lan anapun islam ingkang ma’no pasrah puniko golonganipun para solikhin para arifin para mu’minin haq para wali lan para nabi.
Saklajengipun kados pundi tiyang ingkang ingkang golonganipun ibad utawi abidin puniko ? inggihn puniko tiyang ingkang sampun nglampahi solat, zakat, pasa, haji bahkan sampun dados kiyai, ananging anggenipun ibadah utawi nglampahi kolowau piyambaikipuntansah ngajeng ngajeng ganjaran utawi piwales.
 Lan anapun tiyang ingkang muhibin inggihpuniko yiyang tiyang ingkangsampun nglampahi ibadah ibadah kadosdene solat lan lintu lintunipun, ananging anggenipun ibadah kolowau dipun dasari keranten demen, lan mboten ngajeng ngakjeng ganjaran lan piyambakipun cecekelan dawuhipun Allah SWT:




 “ Ngucapa sira Muhammad : “ Lamun ana sira kabeh iku demen ing Allah mangka siro kabeh pada manuto ing ingsun, mangko dadi sebabe demen sapa Allah marang siro kabeh, lan paring ngapuro sapa Allah marang siro kabeh ing piro piro doso niro “.
Lan anapun tiyang ingkang golongan mutaqin inggih puniko toyang tiyang ingkang sregeb ibadah lan nindakaken sedoyo perintahe Allah kanti nemen nemeni lan ngti ngati lan ngedohi kabeh kang den cegah deneng Allah yen kasi ora nindaake perintah lan ora ngedohi cegah deweke wedi banget marang siksane Allah, keranten deweke cecekelan dawuhipun Allah :

Tidak ada komentar:

Posting Komentar