Rabu, 28 Desember 2011

KHOTBAH BULAN ROJAB

Khutbah Wulan Rojab 1428 H
1
Mulyake Wulan Rojab
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله , الحمد لله الذى جـعـل الليـل   والـنتهـارخلـفـة لـمـن أراد أن يـذكـر أوأراد شـكـورا *  أحـمـده سـبحانـه وتـعـالى وأشـكره واسـتـغـفـره وأتـوب الـيـه من جمـيـع الـذنـوب صـغـيـرا وكـبـيـرا  *  أشـهـد ان لا اله الا الله وحده لا شـريك له وكان بـعـبـاده عـفـوا غـفـورا * واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله الـذي  أرسـله الله للـعـالـمـيـن بشـيرا ونذيرا *   شـهادة مـن قـال لـهـا فـرحـمـه مـن الـخـطيئات  مـغـفـورا * وتـقـبـلـه مـن الـصـالحـات وأنـالـه ثـوابـا وأجـورا * اللهـم صـل وسـلم علىمـن يـحـب الـفقـراء والـمسـاكـيـن ورحـم الـيـتـامى وأطفـالا وصـغيـرا * سـيد نامحمـد  صـلى اللـه عـلـيـه وسـلـم رسـولا ومبـشـرا ونـذيـرا *   صلاة تـنجينـا بهـا من جـمـيـع الأهـوال والأفـات بـاطـنـا وظـهـيـرا *  وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم مـا تـعـاقـبت الأوقـات والـسـاعـات لـيلا ونـهـارا  *  أمـابعـد فيـا أيها الأخـوان رحمكم الله , أوصــيكم واياي بتقـوىالله  *  وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْم  ِ*   أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ  *   بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم *  يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ *

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi  taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi  sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin.  Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang dunya dumugining akhirat.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,
Gilir gumantosing mangsa mboten kraos sampun ndumugekaken kita dateng satunggaling mangsa, ingkang linangkung mulya menggahipun Allah sahingga pinilih minangka satunggaling wulan ingkang kadunungan prastawa agung ingkang mboten nate kedadosan wonten ing wulan sanes. Inggih wulan Rojab punika Allah ngersaaken nibali dating Kekasih lan utusanipun Inggih Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam wonten ing saminipun wulan menika. Pramila sampun sak mestinipun wulan ingkang agung lan bersejarah punika kita mulyakaken. Dene cara kita mulyaaken wulan menika antawisipun kanti ngatah ngatahaken dzikir, du’a lan istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah, Jalaran Allah dawuh ingkang sinebat ing hadits :
يـقـول الله تـعـالى فى كل لـيـلـة مـن رجب : رجب شـهـري , والـعـبـد عـبـدي والـرحمـة رحمـتى والـفـضـل بـيـدي وأنـا غـافر لـمـن اسـتـغـفرني فى هـذا الشـهر ومـعط لمـ سـألـني فـيـه
Allah dawuh ing saben saben dalu saking wulan Rojab, kanti pangandikanipun :
“Wulan  Rojab iku wulan  Ingsun lan kawula iku kawula Ingsun, rahmat iku kawelasan Ingsun, Kanugerahan iku ing panguasa Ingsun. Lan Ingsun Allah iku Dzat kang Paring pangapura arang sapa wae ang nyuwun pangapura.lan Ingsun iku Dzat Kang paring marang wongkang nyuwun marang Ingsun Ing sasi Rojab iki’.
Ma’asyiral muslmin Rahimaumullah ,
Nitik dawuh punika kita ing sa lebetipun wulan Rojab punika kedah ngatah ngatahaken istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah, sinaosa katah lan ageng dosa lepat ita dateng Allah kita mboten kenging putus asa kedah ngagengaen roja’ kita dateng rahatipun Allah inggih naung panyuwunan pangapunten punika ingkang langkung trep kita kunjuk aken wonten ngarsanipun Allah. Agengipun dosa lepatipun kawula mboten sepintena kabanding rahat lan maghfirahipun Allah. Sepinten mawon ageng lan katahipun dosa kita. Dawuh dalem Kanjeng Nabi ngriwayataken saing ngarsanipun Allah :
قـال الله تـعـالى : يـاابـن أدم , انـك مـا دعـوتـى ورجـوتـنى غفـرت لـك مـاكان مـك ولا أبـالى , يـاابـن أدم لـو بـلـغت ذنـوك  عنان الـسـمـاء ثم اسـتـغـفر تني غفـرت لـك , يـاابـن أدم انـك لـو أتيـتـي بـقـراب الأرض خطابـا ثم أتـيـتنى لا تـشـرك بي شيـأ لأتـيـتـك بـقـرابـهـا مـغـفـرة .
Allah Ta’ala ngendika :
“He, tedak turun Adam , selagine sira nyuwun marang Ingsun lan ngarep arep rahmat Ingsun, mesti wae Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira ora perduli.  He anak putu Adam, kok umpama dosa ira iku nganti ngebaki awing awanging langit, nuli sira nyuwun pangapura marang Ingsun, Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira.
He anak putu Adam, kok umpama sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan nggawa kaluputan  sak kebake bumi, nuli sira sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan tanpa nyekutokake ing Ingsun kelawan sawiji wiji,  mesti Ingsun bakal paring marang sira kelawan pangapura sa kebake bumi uga”
(HR. At Turmudzi).
Ma’asyiral muslmin Rahimaumullah ,
Minangka tiyang mukmin kita tentu tansah adang adang lan ngagengaken roja’ kita dateng rahmatipun Allah, jalaran inggih namung tiyang tiyang kafir mawon ingkang putus asa mboten wonten pangajeng ajengipun dateng rahmatipun Allah. Kados dawuhipun Allah ing Al Qur’an ولا تـيـئـس مـن رحـمة الله  الا الـقـوم الـكا فـرون
“Ora putus harapan saka rahmate Allah kejaba wong wong kang pada kafir “
Pramila kanti dumuginipun wulan Rojab  punika mangga kita mulyakaken kanti ngatahaken istighfar saha ngaturaken donga panyuwunan dateng Allah, langkung langkung nyuwun kaparingana saget manggihi wulan Ramadlon mangke, nderek kados donga ingkang tansah kawaos Kanjeng Nabi nalika dumugi wulan Rajab ngaten puinika  dumugi wulan Rajab ngaten punika 
اللتهـم بـارك لـنـا في رجب *  وشـعـبـان   وبـلـغــنـا زمـضـان
“Duh Allah mugi maringana barokah dateng kula ing wulan Rojab punika   
  Lan   wulan Sya’ban, lan ugi ndumugekna dateng kula ing wulan Ramadlon”.
Mugi Mugi Allah maringana pitedah lan pitulung dateng kita saget nindakaken dawuh lan printahipun, nambahi tha’at lan ibadah kita ing wulan mulya punika lan ugi tansah kaparingan rahat lan aghfirah saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ اْلكَرِيْمِ$ وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ $إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْم

Tidak ada komentar:

Posting Komentar