Rabu, 28 Desember 2011

KHOTBAH JUM'AT ( Islam )

Hadirin sidang jum’at ingkang kaulo hormati,monggo kito tansah muji syukur dumateng Alloh SWT ingkangsampun ndadosaken agami islamsebagai pedoman gesang kito. Milo saking puniko monggo muji syukur kelawan kito dohiraken kanti ngelampahi sedoyo dawuh lan nebihi sedoyo awisan.
            Hadirin rokhimakumulloh ingkang berbahagia ,punopo kita kapurih syukur dumateng Alloh kanti wontenipun agami islam ?
Inggih karanten estunipun agami ingkang leres lan ingkang dipun akui dining Alloh puniko namung agami islam, dawuhipun Alloh wonten ing Al Qur’anul Karim “ Innaddina indalloih islam “.
            Ananging kito kedah mangertosi bilih seastune agami islam utawi tiyang islam puniko wonten kalih golongan :
1.                  Golongan islam ingkang naqis(islam ingkang ma’no slamet)
2.                  Golongan islam ingkang kamil (islam ingkang ma’no pasrah)
Anapun Islam ingkang ma’no slamet inggih puniko golongan ipun para u’bad  (abidin), para muhibin lan para muttaqin.
Lan anapun islam ingkang ma’no pasrah puniko golonganipun para solikhin para arifin para mu’minin haq para wali lan para nabi.
Saklajengipun kados pundi tiyang ingkang ingkang golonganipun ibad utawi abidin puniko ? inggihn puniko tiyang ingkang sampun nglampahi solat, zakat, pasa, haji bahkan sampun dados kiyai, ananging anggenipun ibadah utawi nglampahi kolowau piyambaikipuntansah ngajeng ngajeng ganjaran utawi piwales.
 Lan anapun tiyang ingkang muhibin inggihpuniko yiyang tiyang ingkangsampun nglampahi ibadah ibadah kadosdene solat lan lintu lintunipun, ananging anggenipun ibadah kolowau dipun dasari keranten demen, lan mboten ngajeng ngakjeng ganjaran lan piyambakipun cecekelan dawuhipun Allah SWT:




 “ Ngucapa sira Muhammad : “ Lamun ana sira kabeh iku demen ing Allah mangka siro kabeh pada manuto ing ingsun, mangko dadi sebabe demen sapa Allah marang siro kabeh, lan paring ngapuro sapa Allah marang siro kabeh ing piro piro doso niro “.
Lan anapun tiyang ingkang golongan mutaqin inggih puniko toyang tiyang ingkang sregeb ibadah lan nindakaken sedoyo perintahe Allah kanti nemen nemeni lan ngti ngati lan ngedohi kabeh kang den cegah deneng Allah yen kasi ora nindaake perintah lan ora ngedohi cegah deweke wedi banget marang siksane Allah, keranten deweke cecekelan dawuhipun Allah :





               “ Hei, iling iling para menungso pada nyembaho siro kabeh ing pengeran iro, yoiku zat kang wus nitahake siro kabeh lan wong akeh sak durunge siro kabeh, supoyo siro kabeh iku dadi wong kang pada taqwa, mangka pada wediyo siro kabeh ing neroko lan kang utawi kang dadi urup iripe neroko yoiku para menungso lan watu, kang di cawisake marang wong wong pad kafir “.  
Para hadirin rohimakumullah dene tiga tiga nipun golongan puniko ugi bade mlebet suargo, ananging wonten ing saklebetipun suargo ni’mat ipun namung terbatas, ananging sinahoso terbatas piyambakipun wonten ing saklrbete suargo bade dipun ladosi dening setunggalatus sekawan doso widodari tumrapipun tiyang jaler, lan setunggalatus sekawan doso widodoro tumrap tiyang estri. Ingkang setiyap widodari/ widodoro punikomngasto 1000 piring ingkang setiap piring setunggal wonten 1000 werno daharan, lan setiap[ setunggal werni daharan puniko ono 1000 rasa.
            Ananging mbok bilih golongan para solikhion, arifin, mu’minin haq,para wli lan para nabi anggenipun wonten ing suargo keni’matanipun sanget katah lan mboten onten batasanipu n, keranten anggenipun ibadah puniko namung melulu lilahita’ala  kelawan tanpo ngajeng ngajeng punopo nopo lan piyambakipun mangertos ibadah ingkang sejati lan sejatinipun ibadah . Lan piyambakipun mangertos ingkang dipun kersaken wonnten ing dawuh :













            Saklajeng ipun monggo kito instropeksi diri wonten golongan ingkang pundi kito puniko. Wonten ing golongan ipun abidin, muhibin, mutaqin, utawi solikhin lan mu’minul haq utawi wali bahkan punopo nabi. Ananging mbok bilih kito sampun manggihi awak kito wonten ing salah setunggalipun kelompok utawi golongan, sinaoso kito sampun wonten ing tingkatan paling atas estu kito mboten pareng ngasoraken kelompok ingkang saklintunipun. Keranten estunipun tiyang puniko sinahoso sampun paling leres utawi paling sae mbok bilih nyalahaken utawi ngawonaken tiyang sanes berarti tiyang puniko ugi dereng leres lan dereng sae. Keranten estunipun drajat, tangkat , pangkat, sugih, mlarat, bejo, ciloko puniko sampun dipun tentoaken dening Allah SWT nalikonipun wonten ing alam mitsal. Ananging sakrehning kito dereng mangertos takdir utawi nasib kito, kito wajib berusaha sak katah katajipun lan sak sae saenipun. Lan monggo kito sareng sareng nyenyenyuwun dateng Allah SWT mugi mugi kito sedoyo dipun dadosaken tiyang tiyang ingkang wilujeng dunya lan akhirat. Lan mugi mugi sedoyo amal ibadah kito dening Allah dipun dadosaken amal ingkang manfaat fidunya wal akherat, lan ingkang akhiripun mugi mugi kita tansah pikantuk ridho lan rahmatipun Allah SWT . Amin.             

Tidak ada komentar:

Posting Komentar