Hadirin sidang jum’ah ingkang minulyo, monggo kita tansah
muji syukur lan ningkataken taqwa kita dumateng Alloh SWT. dalamarti ngelampahi
sedaya dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun, kados dene
ngelampahi sholat jumat wonten ing saat puniko.
Keranten hal puniko jumbuh kaliyan dawuhipun Alloh SWT.
wonten ing Al-Qur’anul Karim surat
Jum’ah ayat : 9-10.
“Hai wong – wongkang wus podo iman
nalikane wus den undang siro krono arahe sholat soko dino jum’at mongko
cepet-cepet siro eling marang gusti Alloh ,lan ninggalo siro kabeh ing dol
tinuku ,krono kang mengkono iku luwih bagus kedue siro kabeh lamun siro iku
wong kang podo ngerti . Mongko tatkalane wus
rampung sholat ,mongko gumelaro siro kabeh ing ndalem
bumi lan nupriho siro kabeh soko kanugrahane
Alloh ,lan ilingo siro kabeh ing Alloh kelawan saakeh-akehe ,supoyo siro
kabeh iku dadi wongkang podo bejo”.
Sak lajengipun punopo kito namung nglampahi sholat jum’at
lan kito namung pikantok piwales / ganjaranipun anggen kito sholat jum’at?
Hadirin ingkang kaulo hormati ,saestunipun kathah sanget
amalan –amalan utawi perbuatan ingkang kedah kito lampahi sakderengipun sholat
jum’at lan katah sanget fadilah utawi ganjaranipun perbuatan puniko ,kados
dhawuhipun gusti kanjeng Nabi Muhamad SAW,:
“Sinten tiyang ingkang adus/siram
wonten ing dinten jum’at mongko den apuro saking piyambakipun pinten-pinten
dosane .Lan nalikanipun mlampah/bidal dumateng panggenanipun sholat jum’at
mongko gusti Alloh nyatet saben-saben sak-jangkaha ing ibadah rongpuluh tahun .
Mongko tatkalane wong iku nglampahisholat jum’at mongko den ganjar kelawan amal
rongatus tahun”.
Bahkan gusti kanjeng nabi
pernah ngendiko:
“Sak
temene anggonku sholat jum’at iku luwih ndemenake marang ingsun tinimbang haji
sunat”.
Lan dipun ruwayataken malih wonten ing kitab durrotun
nashikhin saking kitab Kangzul Akbar :
“Saktemene gusti Alloh nitahakemalaikat kang ngadek ono
ngisore ‘aresy ,lan mlaikat iku
anduweni patang puluhewu sungu ,saben
saben sungu siji temeko sungu sijine iku pelakon sewu tahun , lan ingatasesungu
siji iku ono patang puluhewu baris songko malaikat,lan ingndalem peraupane
malaikat siji iku ono srengengene, lan ingatase pundake malaikat siji ono
rsmbulane,lan ingatase dhadane malaikat siji ono piro-piro lintang . Mongko
nalikane ono ing dino jum’at mongko malaikat mau sujud kerono arahe Allah ta’la,
lan malaikat mau matur ingdalem sujude “Allahummaghfir liman sholaa sholatal
jum’ati min ummati Muhammadin SAW”. Lan Allah njawab “Hei malaikat ingsun podo
neksenono siro kabeh saktemene imgsun wus paring pangapuro marang wong kang
sholat jum’at”.
Milo saking puniko
mangga kito tansah nglampahi kewajiban sholat jum’at ingkang ageng sanget
fadhilahipun selagine mboten wonten uzur ingkang sanget . Lan mangga kito ajak
sederek sederek kito lan tetanggitetanggi kito ingkang dereng kerso nglampahi
sholat juma’at. Keranten tiyang puniko menawi mboten nngkampahi sholat jum’at
dawuhipun Nabi Muhammad :
“Sinten tiyang ingkang tinggal sholat juma’at kelawan
tapo uzur mangko wajib sodaqoh sak dinar, mongko lamun ora nemu ( nduweni ) sakdinar
mongko separone”.
“Lan sinten tiyang ingkang tinggal sholat jum’at laping
telu kanti nuli nuli mongko ora ditompo persaksiane”.
Saklajengipun mangga kito sasreng sareng berdoa mugi mugi
kito sedoyo dening Allah tansah dipun paringi taufiq, hidayah lan inayah,
Allahumma amin yaa Robbal’alamin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar